Jumat, 07 Oktober 2011

Nganjuk - Karawang

Kowe sing tak anti-anti
Saben isuk, awan, sore, lan wengi
Trisnamu sing tansah ngangeni
Gawe ayem lan tentrem ati iki


Senadyan kowe adoh ning karawang
Nanging trisnaku ora bakal ilang
Saben wengi aku mung dikancani lintang
Aku dunga maring Gusti mugo di paringi dalan sing padhang


Kangge kito supoyo ndang di pethukke
Aku bakal sabar ngenteni ning Nganjuk kene
Aku bakal mesti ono kanggo kowe
Mung kowe sing ning atiku selawase


Nganti mati aku ora bakal lali
Maring janji prasetio ning ati
Bakal tak eling2 lan tak jogo kabeh iki
Bhubhu wo ai ni

Tidak ada komentar:

Posting Komentar